Monday, April 8, 2013

Bacaan Ringan "RAMALAN JAYABAYA MUSARAR"

http://massandry.blogspot.com

Asmaradana
Kitab Musarar inganggit
Duk Sang Prabu Jayabaya
Ing Kediri kedhatone
Ratu agagah prakosa
Tan ana kang malanga
Parang muka samya teluk
Pan sami ajrih sedaya.
Milane sinungan sakti
Bathara Wisnu punika
Anitis ana ing kene
Ing Sang Prabu Jayabaya
Nalikane mangkana
Pan jumeneng Ratu Agung
Abala para Narendra.
Wusnya mangkana winarni
Lami-lami apeputra
Jalu apekik putrane
Apanta sampun diwasa
Ingadekan raja
Pagedhongan tanahipun
Langkung arja kang nagara.
Maksihe bapa anenggih
Langkung suka ingkang rama
Sang Prabu Jayabayane
Duk samana cinarita
Pan arsa katamiyan
Raja Pandhita saking Rum
Nama Sultan Maolana.
Ngali Samsujen kang nami
Sapraptane sinambrama
Kalawan pangabektine
Kalangkung sinuba suba
Rehning tamiyan raja
Lan seje jinis puniku
Wenang lamun ngurmatana.
Wus lengah atata sami
Nuli wau angandika
Jeng Sultan Ngali Samsujen
“Heh Sang Prabu Jayabaya
Tatkalane ing sireku
Kandhane Kitab Musarar.
Prakara tingkahe nenggih
Kari ping telu lan para
Nuli cupet keprabone
Dene ta nuli sinelan
Liyane teka para”
Sang Prabu lajeng andeku
Wus wikan titah Bathara.
Lajeng angguru sayekti
Sang-a Prabu Jayabaya
Mring Sang raja pandhitane
Rasane Kitab Musarar
Wus tunumlak sadaya
Lan enget wewangenipun
Yen kantun nitis ping tiga.
Benjing pinernahken nenggih
Sang-a Prabu Jayabaya
Aneng sajroning tekene
Ing guru Sang-a Pandhita
Tinilar aneng Kabah
Imam Supingi kang nggadhuh
Kinarya nginggahken kutbah.
Ecis wesi Udharati
Ing tembe ana Molana
Pan cucu Rasul jatine
Alunga mring Tanah Jawa
Nggawa ecis punika
Kinarya dhuwung puniku
Dadi pundhen bekel Jawa.
Raja Pandhita apamit
Musna saking palenggahan
Tan antara ing lamine
Pan wus jangkp ing sewulan
Kondure Sang Pandhita
Kocapa wau Sang Prabu
Animbali ingkang putra.
Tan adangu nulya prapti
Apan ta lajeng binekta
Mring kang rama ing lampahe
Minggah dhateng ardi Padhang
Kang putra lan keng rama
Sakpraptaning ing gunung
Minggah samdyaning arga.
Wonten ta ajar satunggil
Anama Ajar Subrata
Pan arsa methuk lampahe
Mring Sang Prabu Jayabaya
Ratu kang namur lampah
Tur titit Bathara Wisnu
Njalama Prabu Jayabaya.
Dadya Sang Jayabaya ji
Waspada reh samar-samar
Kinawruhan sadurunge
Lakune jagad karana
Tindhake raja-raja
Saturute laku putus
Kalawan gaib sasmita.
Yen Islama kadi nabi
Ri Sang aji Jayabaya
Cengkrameng ardi wus suwe
Apanggih lawan ki Ajar
Ajar ing gunung Padhang
Awindon tapane guntur
Dadi barang kang cinipta.
Gupuh methuk ngacarani
Wus tata denya alenggah
Ajar angundang endhange
Siji nyunggi kang rampadan
Isine warna-warna
Sapta warna kang sesuguh
Kawolu lawan ni endang.
Juwadah kehe satakir
Lan bawang putih satalam
Kembang melathi saconthong
Kalawan getih sapitrah
Lawan kunir sarimpang
Lawan kajar sawit iku
Kang saconthong kembang mojar.
Kawolu endhang sawiji
Ki Ajar pan atur sembah
“Punika sugataningong
Katura dhateng paduka”
Sang Prabu Jayabaya
Awas denira andulu
Sedhet anarik curiga.
Ginoco ki Ajar mati
Endhange tinuweng pejah
Dhuwung sinarungken age
Cantrike sami lumajar
Ajrih dhateng sang nata
Sang Rajaputra gegetun
Mulat solahe kang rama.
Arsa matur putra ajrih
Lajeng kondur sekaliyan
Sapraptanira kedhaton
Pinarak lan ingkang putra
Sumiwi munggweng ngarsa
Angandika Sang-a Prabu
Jayabaya mring kang putra.
“Heh putraningsun ta kaki
Sira wruh solahing Ajar
Iya kang mati dening ngong
Adosa mring guruningwang
Jeng Sultan Maolana
Ngali Samsujen ta iku
Duk maksih sami nom-noman.

--------------------------------------------------------------------------------
Sinom
Pan iku wus winejang
Mring guru Pandhita Ngali
Rasane kitab Musarar
Iya padha lawan mami
Nanging anggelak janji
Cupet lelakoning ratu
Iya ing tanah Jawa
Ingsun pan wus den wangeni
ari loro kaping telune ta ingwang.
Yen wis anitis ping tiga
Nuli ana jaman maning
Liyane panggaweningwang
Apan uwus den wangeni
Mring pandhita ing nguni
Tan kena gingsir ing besuk
Apan Maolana Ngali
Jaman catur semune segara asat.
Mapan iku ing Jenggala
Lawan iya ing Kediri
Ing Singasari Ngurawan
Patang ratu iku maksih
Bubuhan ingsun kaki
Mapan ta durung kaliru
Negarane raharja
Rahayu kang bumi-bumi
Pan wus wenang anggempur kang dora cara .
Ing nalika satus warsa
Rusake negara kaki
Kang ratu patang negara
Nuli salin alam malih
Ingsun nora nduweni
Nora kena milu-milu
Pan ingsun wus pinisah
Lan sedulur bapa kaki
Wus ginaib prenahe panggonan ingwang.
Ana sajroning kekarah
Ing tekene guru mami
Kang nama raja pandhita
Sultan Maolana Ngali
Samsujen iku kaki
Kawruhana ta ing mbesuk
Saturun turunira
Nuli ana jaman maning
Anderpati arane Kalawisesa.
Apan sira linambangan
Sumilir kang naga kentir
Semune liman pepeka
Pejajaran kang negari
Ilang tingkahing becik
Negara kramane suwung
Miwah yudanegara
Nora ana anglabeti
Tan adil satus taun nuli sirna.
Awit perang padha kadang
Dene pametune bumi
Wong cilik pajeke emas
Sawab ingsun den suguhi
Marang si Ajar dhingin
Kunir ta ingsun
Nuli asalin jaman
Majapahit kang nagari
Iya iku Sang-a Prabu Brawijaya.
Jejuluke Sri Narendra
Peparab Sang Rajapati
Dewanata alam ira
Ingaranan Anderpati
Samana apan nenggih
Lamine sedasa windu
Pametuning nagara
Wedale arupa picis
Sawab ingsun den suguhi mring si Ajar.
Juwadah satakir iya
Sima galak semu nenggih
Curiga kethul kang lambang
Sirna salin jaman maning
Tanah Gelagah wangi
Pan ing Demak kithanipun
Kono ana agama
Tetep ingkang amurwani
Ajejuluk Diyati Kalawisaya.
Swidak gangsal taun sirna
Pan jumeneng Ratu adil
Para wali lan pandhita
Sadaya pan samya asih
Pametune wong cilik
Ingkang katur marang Ratu
Rupa picis lan uwang
Sawab ingsun den suguhi
Kembang mlathi mring ki Ajar gunung Padhang.
Kaselak kampuhe bedhah
Kekesahan durung kongsi
Iku lambange dyan sirna
Nuli ana jaman maning
Kalajangga kang nami
Tanah Pajang kuthanipun
Kukume telat Demak
Tan tumurun marang siwi
Tigang dasa enem taun nuli sirna.
Semune lambang Cangkrama
Putung ingkang watang nenggih
Wong ndesa pajege sandhang
Picis ingsun den suguhi
Iya kajar sauwit
Marang si Ajar karuhun
Nuli asalin jaman
Ing Mataram kang nagari
Kalasakti Prabu Anyakrakusumo.
Kinalulutan ing bala
Kuwat prang ratune sugih
Keringan ing nungsa Jawa
Tur iku dadi gegenti
Ajar lan para wali
Ngulama lan para nujum
Miwah para pandhita
Kagelang dadi sawiji
Ratu dibya ambeg adil paramarta.
Sudibya apari krama
Alus sabaranging budi
Wong cilik wadale reyal
Sawab ingsun den suguhi
Arupa bawang putih
Mring ki Ajar iku mau
Jejuluke negara
Ratune ingkang miwiti
Surakarta semune lintang sinipat.
Nuli kembang sempol tanpa
Modin sreban lambang nenggih
Panjenengan kaping papat
Ratune ingkang mekasi
Apan dipun lambangi
Kalpa sru kanaka putung
Satus taun pan sirna
Wit mungsuh sekutuh sami
Nuli ana nakoda dhateng merdagang.
Iya aneng tanah Jawa
Angempek tanah sethithik
Lawas-lawas tumut aprang
Unggul sasolahe nenggih
Kedhep neng tanah Jawi
Wus ngalih jamanireku
Maksih turun Mataram
Jejuluke kang negari
Nyakrawati kadhatone tanah Pajang.
Ratu abala bacingah
Keringan ing nuswa Jawi
Kang miwiti dadi raja
Jejuluke Layon Keli
Semu satriya brangti
Iya nuli salin ratu
Jejuluke sang nata
Semune kenyo musoni
Nora lawas nuli salin panjenengan.
Dene jejuluke nata
Lung gadhung rara nglingkasi
Nuli salin gajah meta
Semune tengu lelaki
Sewidak warsa nuli
Ana dhawuhing bebendu
Kelem negaranira
Kuwur tataning negari
Duk semana pametune wong ing ndesa.
Dhuwit anggris lawan uwang’
Sawab ingsun den suguhi
Rupa getih mung sapitrah
Nuli retu kang nagari
Ilang barkating bumi
Tatane Parentah rusuh
Wong cilik kesrakatan
Tumpa-tumpa kang bilahi
Wus pinesthi nagri tan kena tinambak.
Bojode ingkang negara
Narendra pisah lan abdi
Prabupati sowang-sowang
Samana nglaih nagari
Jaman Kutila genti
Kara murka ratunipun
Semana linambangan
Dene Maolana Ngali
Panji loro semune Pajang Mataram.
Nakodha melu wasesa
Kadhuk bandha sugih wani
Sarjana sirep sadaya
Wong cilik kawelas asih
Mah omah bosah-basih
Katrajang marga agung
Panji loro dyan sirna
Nuli Rara ngangsu sami
Randha loro nututi pijer tetukar.
Tan kober paes sarira
Sinjang kemben tan tinolih
Lajengipun sinung lambang
Dene Maolana Ngali
Samsujen Sang-a Yogi
Tekane jaman Kala Bendu
Ing Semarang Tembayat
Poma den samya ngrawuhi
Sasmitane lambang kang kocap punika.
Dene pajege wong ndesa
Akeh warninira sami
Lawan pajeg mundhak-mundhak
Yen panen datan maregi
Wuwuh suda ing bumi
Wong dursila saya ndarung
Akeh dadi durjana
Wong gedhe atine jail
Mundhak taun mundhak bilahining praja.
Kukum lan yuda nagara
Pan nora na kang nglabeti
Salin-sdalin kang parentah
Aretu patraping adil
Kang bener-bener kontit
Kang bandhol-nbandhol pan tulus
Kang lurus- lurus rampas
Setan mindha wahyu sami
Akeh lali mring Gusti miwah wong tuwa.
Ilang kawiraningdyah
Sawab ingsun den suguhi
Mring ki Ajar Gunung Padhang
Arupa endang sawiji
Samana den etangi
Jaman pitung atus
Pitung puluh pan iya
Wiwit prang tan na ngaberi
Nuli ana lamate negara rengka.
Akeh ingkang gara-gara
Udan salah mangasa prapti
Akeh lindhu lan grahana
Dalajate salin-salin
Pepati tanpa aji
Anutug ing jaman sewu
Wolung atus ta iya
Tanah Jawa pothar pathir
Ratu Kara Murka Kuthila pan sirna.
Dene besuk nuli ana
Tekane kang Tunjung Putih
Semune Pudhak kasungsang
Bumi Mekah dennya lair
Iku kang angratoni Jagad kabeh ingkang mengku
Juluk Ratu Amisan Sirep musibating bumi
Wong nakoda milu manjing ing samuwan .
Prabu tusing waliyulah
Kadhatone pan kekalih
Ing Mekah ingkang satunggal Tanah Jawi kang sawiji
Prenahe iku kaki Perak lan gunung Perahu
Sakulone tempuran Balane samya jrih sajagad
Kono ana pangapura
Ajeg kukum lawan adil
Wong cilik pajege dinar
Sawab ingsun den suguhi Iya kembang saruni
Mring ki Ajar iku mau Ing nalika semana
Mulya jenenging narpati
Tur abagus eseme lir madu puspa .

--------------------------------------------------------------------------------
Dhandhanggula
Langkung arja jamaning narpati
Nora nana pan ingkang nanggulang
Wong desa iku wadale
Kang duwe pajeg sewu
Pan sinuda dening Narpati
Mung metu satus dinar
Mangkana winuwus
Jamanira pan pinetang
Apan sewu wolungatus anenggih
Ratune nuli sirna.
Ilang tekan kadhatone sami
Nuli rusak iya nungsa Jawi
Nora karuwan tatane
Pra nayaka sadarum
Miwah manca negara sami
Padha sowang-sowangan
Mangkana winuwus
Mangka Allahu Tangala
Anjenengaken Sang Ratu Asmarakingkin
Bagus maksih taruna.
Iku mulih jeneng Narpati
Wadya punggawa sujud sadaya
Tur padha rena prentahe
Kadhatone winuwus
Ing Kediri ingkang satunggil
Kang siji tanah Ngarab
Karta jamanipun Duk semana pan pinetang
Apan sewu luwih sangang atus anenggih
Negaranira rengka.
Wus ndilalah kersaning Hyang Widhi
Ratu Perangi anulya prapta
Wadya tambuh wilangane
Prawirane kalangkung
Para ratu kalah ngajurit
Tan ana kang nanggulang
Tanah Jawa gempur
Wus jumeneng tanah Jawa
Ratu Prenggi ber budi kras anglangkungi
Tetep neng tanah Jawa.
Enengana Sang Nateng Parenggi Prabu ing Rum ingkang ginupta
Lagya siniwi wadyane Kya patih munggweng ngayun
Angandika Sri Narapati
“Heh patih ingsun myarsa
Tanah Jawa iku
Ing mangke ratune sirna
Iya perang klawan Ratu Prenggi
Tan ana kang nanggulangi.
Iku patih mengkata tumuli
Anggawaa ta sabalanira
Poma tundhungen den age
Yen nora lunga iku
Nora ingsun lilani mulih”
Ki Patih sigra budhal
Saha balanipun
Ya ta prapta tanah Jawa
Raja Prenggi tinundhung dening ki Patih Sirna sabalanira.
Nuli rena manahe wong cilik
Nora ana kang budi sangsaya
Sarwa murah tetukone
Tulus ingkang tinandur
Jamanira den jujuluki
Gandrung-gandrung neng marga
Andulu wong gelung
Kekendon lukar kawratan
Keris parung dolen tukokena nuli
Campur bawur mring pasar.
Sampun tutug kalih ewu warsi
Sunya ngegana tanpa tumingal
Ya meh tekan dalajate
Yen kiamat puniku
Ja majuja tabatulihi
Anuli larang udan
Angin topan rawuh
Tumangkeb sabumi alam
Saking kidul wetan ingkang andhatengi
Ambedhol ponang arga.

Newer Post Older Post Home

Tokoh Islami "HABIB ABDURRAHMAN BIN ZEIN BIN ALI BIN AHMAD AL JUFRY"

http://massandry.blogspot.com Sayyidy al-Habib Abdurrohman bin Zein bin Ali bin Ahmad al-Jufri dilahirkan tahun 1938 di Semarang. Ayahand...

Blogger Template by Blogcrowds